Labels

Iklan

Indahnya Bersedekah

Mediashare
Wednesday, July 17, 2013
Last Updated 2013-07-17T12:29:08Z
Premium By Raushan Design With Shroff Templates
Bersedekah
Assalamu`alaikum wr wb.
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ﴿١﴾
الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَوَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ الله ُفَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ الله ُلَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ
Hadrotul kirom poro alim, poro ulama, poro sepuh lan pinisepuh, poro asaatidz ingkang tansah kulo hormati. Hadirin sedoyo yang dirahmati oleh Allah swt, wa bil khusus dumatheng Bapak Takmir beserta seluruh jajarannya yang saya hormati.
Monggo kito sedoyo sami muji syukur dumatheng ngarsanipun Allah swt kanti waosan Alhamdulillahirrobbil `alamiin. Lan sami-sami berusaha supadoso kito sedoyo saged nglampahi sedoyo ingkang tansah dipun perintahaken dumatheng kulo lan panjenengan. Utaminipun shalat limang waktu lan sodaqoh secara istiqomah. Ingkang kados mekaten meniko mboten sanes nggih kerono nikmat ingkang dipun paringaken kalihan Allah dumatheng kito mboten kantenan kathahipun. Mulai nikmat umur, sehat jasmani lan ruhani lan nikmat-nikmat sanese sing berhubungan kalihan kepuasan duniawi.
Shalawat dan salam mugi tansah katuraken dumatheng kanjeng Nabi Muhammad saw. Lan sedoyo ahlul baitipun, poro sahabat lan sedoyo umat Islam ingkang jaler utawi inkang istri termasuk keluargo kulo lan panjengengan sedoyo.
Bapak, ibu soho sederek sedoyo,
pancen leres menawi tiyang gesang meniko sedoyo kepingin bahagia lahir lan batin. Kepingin uripe kepenak kanti awak sing sehat. Kepingin keturutan menopo mawon ingkang dipun karepaken. Gampangane yo sembarang kalir keturutan. Kepingin mangan nopo mawon saged tumbas. Kepingin lungo teng pundi mawon saged nglampahi krono gadah sedoyo sarono sing diperlokno. Griyo gedong jumlahe papat, mobil roda papat jumlahe yo papat, anak lanang ngganteng jumlahe papat, anak wedok ayu-ayu jumlahe yo papat, bojo ayu kinyis-kinyis jumlahe yo kadang papaat ! Masya Allah !
Mangkane mboten enten utawi mboten nate ketingal enten tiyang sakmantune sholat lajeng ndungo, “Ya Allah, kulo niki pun dangu mboten nate sakit, pun dangu ya Allah awak kulo niki sehat, mbok sekali-sekali nopo`o ya Allah panjenengan paringi remek awak kulo”. Wonten tah kinten-kinten tiyang sing ndungo kados ngeten niki ? Nek enten tiyang sing ndungo kades ngeten berarti pikiran lan akale pun remek. Pun owah pikire lan pun mboten saged ngraosaken enake urip sehat lan sugih bondo donyo.
Dungo sing diunekno tiyang niku kebanyakan njaluk sing sae-sae thok. Njaluk sehat, sugih, pokoke njaluk sing enak-enak thok. Tapi nek pun mulyo uripe, sehat awake, akeh bondo donyone, kebanyakan tiyang niku supe utowo lali. Gak gelem sembahyang meski niku teng griyo piyambak. Nopo malih mlampah teng Masjid. Nopo malih wekdal Isya` lan wekdal subuh. Lali gak gelem sodaqoh wonten margine gusti Allah. Nek sugih mawon mboten purun sodaqoh, nopo malih wekdal diganjar mlarat. Malah-malah mboten purun blas !
Hadirin rahimakumullah,
Panjenengan kulo critani nggih, tentang keluarganipun sahabat Ali bin Abi Thalib. Sahabat Ali niki ponakane kanjeng Nabi Muhammad saw. Istrine namine Fatimah putrine kanjeng Nabi Muhammad saw. Gadah putro kalih namine Hasan lan Husen, cucu atau putunipun kanjeng Nabi saw.
Suatu hari sahabat Ali niki taken teng Fatimah istrine, boso kasar suroboyone kados ngeten.
“Bu, bu,…. gak onok panganan opo-po tak gawe dino iki ?”
Jawabe Fatimah, “Mboten enten Mas, pun mboten enten nopo-nopo malih. Sedoyo pun telas. Termasuk yotro nggih pun mboten enten blas”.
“Lha terus dipangani opo arek-arek iku engkok ?”, takone sahabat Ali.
“Sampun Mas, lare-lare pun kulo godogaken toyo”, jawabe Fatimah.
Lha nggih anak loro namung diombeni banyu godogan sedino pet. Kinten-kinten mboten kembung tah lare kalih niku mangke. Ngoten meniko menawi tiyang mriki pun pasti kembung plus nangis gak leren-leren. Keadaan ngoten niku berlangsung ngantos dinten mbinjinge. Hari kedua, dalam keadaan tak ada sesuatupun persediaan makanan kangge keluarwargane, sahabat Ali niki bade medal saking griyo pados menopo kemawon sing saged dipun tedo kangge keluargane.
Injinge sahabat Ali pamitan kalih Fatimah istrine.
“Bu,.. aku tak metu disik”.
“Panjenengan bade teng pundi Mas,.?”, takone Fatimah
“Aku tak metu golek-golek opo kono sing iso kanggo mangan dino iki”, jawabe sahabat Ali.
Begitu keluar rumah, sahabat Ali ini langsung pergi menuju Masjid untuk melakukan shalat Dhuha sebanyak 6 rokaat.
Lha niki lho perbedaan antara kita dengan para sahabat. Meski dalam keadaan yang sulit, sahabat Ali sak derenge pados sesuatu yang bisa dimakan keluarganya tetep mengutamakan Allah swt. terlebih dahulu. Mlampah teng masjid untuk sholat terlebih dulu, baru kemudian berjalan untuk mencari karunia Allah. Niki jelas bedho kalih kulo lan panjenengan sedoyo. Menawi sahabat Ali langsung teng Masjid, kulo lan panjenengan sedoyo nang omahe tonggo pados,…….utangan ! Nggih nopo nggih ? yo`opo ape gak golek utangan wong kabeh sing onok nang njero omah wis mlebu gaden. Wis digadekno kabeh kecuali bojo ambek anake thok sing durung,…digadekno ! Astaghfirullahal `adziim.
Sakmantune shalat sahabat Ali niki mlampah. Mboten ngantos dangu sahabat Ali kepanggih tiyang sepuh sing terus taken datheng sahabat Ali. “Duhai anak muda, apakah kau Ali anaknya Abi Thalib?”.
“Benar bapak, bapak siapa kok tahu nama saya?”, jawab sahabat Ali.
“Ngeten lho nak Ali, kulo niki gadah utang datheng bapak njenengan rumiyin minongko upahe mergawe”, jawabe bapak tua. “Kerono bapak njenengan sampun mboten wonten nggih panjenengan kemawon sing dados wakile nrami yotro meniko”.
“Pinten bapak kathahe?”, takene Sahabat Ali.
“300 dirham nak” jawab pak tua.
Lantas dengan mengucap syukur, diterimalah uang upah almarhum ayahandanya tersebut dan tidak henti-hentinya hati danlisannya memuji Allah atas kejadian yang tak disangka tersebut.
Hadirin rahimakumullah,
Itulah janji Allah terhadap orang-orang yang beriman. Dalam keadaan apapun sulitnya tetap saja mendahulukan Allah. Tetap mengutamakan ibadah, terutama shalat. Karerna shalat adalah bentuk komunikasi sesungguhnya antara seorang hamba dengan Tuhannya. Kekuatan Iman itulah yang telah menjadikan terbuktinya janji Allah untuk memberikan rizqi dari arah manapun serta tidak disangka-sangka datangnya.
……… وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا﴿٢﴾
Barangsiapa bertakwa kepada Allah niscaya Dia akan mengadakan baginya jalan keluar.
وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ ۚ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا﴿٣﴾
Dan memberinya rezeki dari arah yang tiada disangka-sangkanya. Dan barangsiapa yang bertawakkal kepada Allah niscaya Allah akan mencukupkan (keperluan)nya. Sesungguhnya Allah melaksanakan urusan yang (dikehendaki)Nya. Sesungguhnya Allah telah mengadakan ketentuan bagi tiap-tiap sesuatu.
Setelah sahabat Ali menerima uang 300 dirham kolowau lajeng langsung mlampah wangsul manggihi Fatimah istrine. Lajeng dipun critaaken perkoro rezeki niku wau. Alhamdulillah,.. dos pundi senenge atine fatimah ngertos garwane angsal rezeki niku wau. Saking senenge sahabat Ali lajeng mutusaken bade langsung blonjo teng pasar kangge keperluan pangan keluargane. Setelah berangkat ke pasar sahabat Ali ini ditengah perjalanan bertemu dengan seseorang yang mengatakan bahwa diri dan keluarganya belum makan selama dua hari. Lantas sahabat Ali ini menjawab :
“Akupun juga belum menemukan makanan selama dua hari kawan”.
“Wahai Ali, aku bisa dan sanggup menahan lapar selama dua hari ini dan mungkin untuk hari-hari selanjutnya. Tapi bagaimana dengan anak saya yang lagi sakit dan butuh obat ? Ini tidak bisa ditunda lagi. Dan kalau tidak segera mendapatkan obat niscaya akan sangat berbahaya bagi diri anakku”, jawab orang tersebut.
Kepireng jawaban sing kados ngaten wau, sahabat Ali langsung trenyuh atine. Mboten kathah pikir malah langsung dinar sing wonten njero kantong gamise didalakaen langsung dipun serahaken datheng tiyang kolowau. Lalu dengan langkah lunglai sahabat Ali ini melangkahkan kembali kakinya ke arah rumah untuk menemui istrinya dan menceritakan apa yan telah terjadi.
Hadirin rahimakumullah,
Ngoten niku sifate poro sahabat. Meski diri dan keluarganya juga dalam kesulitan, tapi tetep mawon mendahulukan kepentingan umat. Sifat sing kados ngaten meniko ingkang ndadosaken agunge Rasulullah saw lan poro sahabat. Kok coba peristiwa kados ngoten meniko menimpa kulo lan panjenengan, mustahil dinar wau pindah tangan teng nggene tiyang lintu. Pasti sing kulo panjenengan utamakno awak lan keluargane dewe. Mboten mungkin kulo lan panjenengan niki rela duwik di kekno wong liyo wong awak dewe sik butuh. Kok enak,….?? lak ngoten toh ? He he !
Sesampai di rumah sahabat Ali disambut istrine Fatimah az zahra. Putrine kanjen Nabi niki bingung ningali bojone kok mboen mbeto nopo-nopo padahal pamite wau ajeng eng pasar blonjo. Dengan tenang dan nafas panjang sahabat Ali menjelaskan perihal kejadian wonten margi saat kepanggih salah setunggale kaum sing mbutuhno pertolongan kangge anake sing sakit. Dos pundi jawabe Fatimah ?
“Mboten menopo bi, laku panjenengan meniko sampun sae sanget. Saumpami kulo dados panjenengan insya Allah nggih kulo lampahi kados mekaten”.
Subhanallah,
Fatimah sing setunggal niki mboten saged dipadakno kalih Fatimah mriki. Fatimah arab memang sangat berbeda dengan fatimah Indonesia, bahkan Fatimah di seluruh dunia. Disaat kebutuhan yang sudah hampir tidak terhindarkan dan harapan untuk menikmati makanan sudah di depan mata masih saja memilih sabar dan menerima kenyataan. Meski untuk itu harus merelakan diri menahan lapar untuk sekian hari. Masih tetap memilih perbuatan yang dapat memancing ridhonya Allah swt. daripada sekedar nikmat dunia berupa kenyang dan kepuasan jasmani.
Menawi Fatimah mriki pak kulo yakin pun pasti ngomel selama mripate durung merem krono wis gak kuat nahan ngantuk. Paling nggak sing lanang pasti digoblok-goblokno. “hhhh,.. sampean iku dadi wong lanang kok goblok sih pak,…! wong wis ngerti anak bojone gak mangan rong ndino kok duwik 300 dinar malah di kekno uwong ! Gak onok wong lanang koyok sampean iku pak gak onok,….. goblok,……goobloookkkk,..!!!!”.
Lho ngoten lho paling ngak nek Fatimah mriki. Kadang malah sing jaler dikongkon minggat barang. Nggih tah ? Enen tiyang ngriki sing sampai ngongkon sing lanang minggat ? Enten nggih ? Biasane sing suka ngoten niku wong wedok sing suka`e nguntal PIL. Enten nggih mriki. Nopo ? Kathah ? Astaghfirullahal `adziim. Nek ndelok potongane pancen yo rodok-rodok ngepil,…. Mboten-mboten insya Allah tiyang mriki mboten enten sing ngoten. Sing kathah ngoten niku tiyang mriko. Nek tiyang mriki nggih kiro-kiro yo gah adoh-adoh banget,….lah hehe.
Subhanallah,
Dalam keadaan kados mekaten meniko, sahabat Ali dan istrinya Fatimah sowan wonten daleme Rasulullah saw. Setelah bertemu dengan ayahandanya Fatimah dan sahabat Ali ini bermaksud mengutarakan sesuatu kepada ayah atau mertua sahabat Ali. “Ya ayahanda, kami bemaksud mengutarakan sesuatu kepada ayahnda”. Apa jawab Rasulullah ?
Rasulullah saw menjawab perkataan anak dan menantunya, “Wis gak usah ngomong opo-opo maneh. Aku wis ngerti opo sing arep mbok sampekno nang aku. Saktemene mambengi Jibril wis ngandani aku bab opo sing saiki mbok alami. Gak ono sing dimasak rong ndino suwene liyane mung banyu. Ono rezeki tapi kepekso mbok wenehno wong sing luwih butuh. Gak opopo anakku, awakmu wis duwe rizki nggone akhirat, awakmu wis duwe restu lan ridhone gusti Allah”.
Hadirin rahimakumullah,
Ada prioritas utama dalam hidup kita ini. Dunia hanyalah jembatan menuju akhirat yang diakhiri dengan kematian. Ketika kita terlarut dalam kenikmaan dunia, ketika itu pula kepentingan akhirat akan terlewatkan. Tak ada yang bisa menerka kapan hidup kita ini akan berakhir. Umur hanyalah waktu pinjaman dari Allah. Sewaktu-waktu pasti akan diambil lagi jika memang sudah tiba saatnya. Hidup kita ini hanyalah sebuah kesempatan untuk lolos dan menjadi finalis dalam perebutan predikat Muttaqin. Untuk kemudian bersama-sama dengan rombongan orang-orang yang betaqwa bertempat tinggal di suatu tempat yang telah dijanjikan oleh Allah, Surga yang penuh dengan kenikmatan.
Pelajaran ingkang saged kulo lan panjenengan pendet saking teladan keluarga syaiyidina Ali meniko mboten sanes supadoso kito perduli dengan umat. Supadoso kulo lan panjenengan sedoyo mboten menganggap remeh bab sodaqoh. Sodaqoh ingkang panjenengan paringaken wonten margine gusti Allah, pinten-pinten ageng alite akan mempunyai efek yang luar biasa kangge kehidupan kulo baik sewaktu masih hidup di dunia maupun mangke sewaktu sampun wonten akhirat.
Nilai sodaqoh yang disertai dengan keikhlasan hati akan benar-benar berlipat ganda kados ingkang dipun janjiaken kalihan gusti Allah di berbagai ayat wonten saklebeting Al Qur`an. Namun sedoyo meniko terserah datheng kulo lan panjenengan sedoyo. Milih mulyo ndonyo nelongso akhirat utawi mulyo wonten ndonyo akhirat. Menawi penjenengan milih mulyo ndonyo akhirat, nggih monggo sami-sami semangat meningkatkan Iman dan mencontoh teladan Rasulullah saw dan para sahabatnya.
Mekaten ingkang saged kulo sampeaken dumatheng panjenengan sedoyo, menawi wonten lepat kulo nyuwun gunge pangapunten.
Akhirul kalam wahuwal muwaffiq illa aquamithoriq
Wassalamu`alaikum wr wb.
iklan
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Stars Rally to Beat Predators in Winter Classic at Cotton Bowl